Kamis, 24 November 2011

TEMBANG JAWA (Macapat)

Dhandhang gula
Asmaradana
Durma
Gambuh
Kinanthi
Maskumambang
Megatruh
Mijil
Pangkur
Pucung
Sinom
Tembang Tengahan
Balabak
Girisa
Jurudemung
Wirangrong
Tembang Gedhe
Citramengeng
Kusumastuti
Mintajiwa
Pamularsih

Tembung Camboran Kata Majemuk, (kata gabungan dari dua kata)

Contoh Tembung Camboran wutuh
ajur-ajer
bibit kawit
edi peni
gagah prakosa
abot entheng
lanang wadon
bapa biyung
gedhe cilik
bratayudha
pancasila
dwiwarna
pancawala

Contoh Tembung camboran Cekak/Tugel
tembung - camboran asal kata

bangjo - abang ijo
barbeh - bubar kabeh
jiro - siji loro
lunglit - balung kulit
pakdhe - bapak gedhe
paklik - bapak cilik
tingwe - nglinting dhewe
wulu - sewu telu

TEMBUNG GARBA (kata yang berasal dari Singkatan 2 kata)

Tembang - Berasal dari
anéng - ana + ing
kalyan - kalih + lan
lumebéng - lumebu + ing
mahameru - maha + meru
narendra - nara + indra
narpendah - nara + endah
prawirotama - prawira + utama
sarotama - saru + utama
sitinggil - siti + inggil
sugyarta - sugih + arta

Rabu, 23 November 2011

TEMBUNG SAROJA (kata yang semakna untuk menyangatkan)

Atut runtut
Imbal pangandika
Ayem tentrem
Imbal wacana
Babak bundhas
Jabang bayi
Bagas waras
Jiwa sraya
Campur adhuk
Kabur kanginan
Cundhuk mentul
Kadang konang
Dalan padhang
Olah pikir
Dora cara
Pacak bans
Edi peni
Pacak golu
Gada gitik
Rahayu slamet
Gagah pideksa
Rina wengi

PRÉNAHÉ SEDULUR (Nama Sebutan untuk saudara / keluarga)

Prenahé - Artiné
sedulur - sedulur tunggal bapak ibu
misanan - sedulur tunggal mbah
mindhoan - sedulur tunggal buyut
keponakan - anaké sedulur tuwa / enom
putu - anaké anak
putu keponakan - anaké keponakan
pak lik - adhine bapak/ibu lanang
bu lik - adhine bapak/ibu wadon
pakdhe/uwa - kangmasé bapak/ibu lanang
budhe/uwa - mbakyuné bapak/ibu wadon
bésan - wong tuwané mantu
maratuwa - wong tuwané bojo
anak mantu - bojoné anak
putu mantu - bojoné putu
ipé - seduluré bojo
pripéan - ipéne sedulur
bapak kuwalon - bapak tiri
ibu kuwalon - ibu tiri
anak kuwalon - anak tiri
sedulur kuwalon - sedulur tiri
tunggal banyu - sedulur tunggal guru
tunggal welat - sedulur tunggal bapak ibu

URUTANÉ TURUNAN/SEDULUR (sebutan nama-nama keturunan)

Urutané turunan
grepak sénthé
gantung siwur
udheg-udheg
waréng
canggah
buyut
embah/eyang
bapak/ibu
ANAK
putu/wayah
buyut
canggah
waréng
udheg-udheg
gantung siwur
grepak sénthé

Urutané sedulur
Pembarep (Anak 1)
Panggulu (Anak 2)
Pandhadha (Anak 3)
Sumendhi (Kakang ragil)
Wuragil /Waruju (Anak ragil - terakhir)

Wangsalan (mengganti kata tertentu dengan kata-kata yang mempunyai arti yang mirip atau sama dengan kata yang digantikannya) fungsinya untuk memperhalus kata

Jenang Gula Kowé Aja Lali. (jenang gula = glali)
Sekar aren mas, sampun dangu kok mboten kepanggih (dangu)
kembang jambu, kemaruk duwé dolanan anyar ( karuk )

Wilangan (angka jawa dan istilahnya)

Istilah - jawa - bhs. indonesia
eka - 1 (siji) - satu
dwi - 2 (loro) - dua
tri - 3 (telu) - tiga
catur - 4 (papat) - empat
panca - 5 (lima) - lima
sad - 6 (enem) - enam
sapta - 7 (pitu) - tujuh
astha - 8 (wolu) - delapan
nawa - 9 (sanga) - sembilan
dasa - 10 (sepuluh) - sepuluh
sata - 100 (satus) - seratus
sasra - 1000 (séwu) - seribu
saleksa - 100000 (satus éwu) - seratus ribu
sayuta - 1000000 (sayuta) - sejuta

SWARANÉ KEWAN (Sebutan suara hewan)

kéwan - swarané
banyak - pating kréngah
bebek - kwék-kwék
cecak - ngecek
dara - mbekur
gajah - ngemprét
gangsir - ngenthir
garengpung - ngréngréng
gemak - ngelung
jago - kluruk
jalak - ngocéh
jaran - bekér/bengingéh
jangkrik - ngerik
kebo - ngowék
kethék - meré
kidang - mbekik
kodhok - ngorék
kombang - mbrengengeng
kucing - ngéong
kuthilang - ngocéh
kuthuk - kiyik-kiyik
kutut - manggung
lamuk/lemut - nging-nging
macan - mbaung/anggero
ménco - ngoc'eh
menjangan - mbekik
merak - nyengungong
sapi - mbengah
singa - nggero
tikus - citcit
ula - ngakak/ngeses
wedhus - ngembék

SILAH-SILAHING UKARA (Jenis-jenis Kalimat dlm Bhs. Jawa)

Ukara Kandha (Kalimat Langsung)
Tuladha : Ibu ngendika 'Kowe kudu sekolah'
Ukara Crita (Kalimat Cerita)
Tuladha : Ngendikane Ibu yen sregep sekolah mesthi pinter.
Ukara Tanduk (Kalimat Aktif)
Tuladha : Bapak tindak kantor
Ukara Tanggap (Kalimat Pasif)
Tuladha : Sepedane dicet abang
Ukara Pakon (Kalimat Perintah)
Tuladha : Jupukna sepedaku neng omahe Paklik
Ukara Panjaluk (kalimat Permohonan)
Tuladha : Tulung njupukna buku kuwi

SILAH-SILAHING TEMBUNG (Jenis-jenis kata dalam Bhs. Jawa)

Tembung Aran (Kata Benda)
Tuladha : Radio, lemari, meja, lsp
Tembung Kriya (Kata Kerja)
Tuladha : maca, mangan, nulis, lsp
Tembung Ganti (Kata Ganti)
Tuladha : aku, kowe, bapak, lsp
Tembung Wilangan (Kata Bilangan)
Tuladha : siji, loro, satus, lsp
Tembung Sipat/Kaanan (Kata Sifat)
Tuladha : panas, apik, seneng, lsp
Tembung Katrangan (Kata Keterangan)
Tuladha : ngarep, ngisor, kulon, lsp
Tembung Seru/Pangguwuh (Kata Seru)
Tuladha : wah, adhuh, tulung, lsp
Tembung Sandhangan (Kata Sandang)
Tuladha : Raden, Kyai, Pangeran, lsp
Tembung Penyambung (Kata Sambung)
Tuladha : lan, sarta, utawi, lsp
Tembung Pangarep (Kata Depan)
Tuladha : ing, sing, yen, lsp

SANÉPAN (Kata ungkapan yang bermakna kebalikannya)

tembung sanépan - makna
abang dluwang - putih banget
abot kapuk - entheng banget
amba godhong kelor - ciyut banget
arang kranjang - rapet banget
arang wulu kucing - akeh banget
arum jamban - mambu banget
atos debog - empuk banget
banter keyong - alon banget
bening leri - buthek banget
dhuwur kencur - endhék banget
jero tapak meri - cethek banget
kandel kulit bawang - tipis banget
kuning silit kwali - ireng banget
kuru semangka - lemu banget
landhep dhengkul - kethul banget
legi bratawali - pahit banget
pait madu - legi banget
peret beton - lunyu banget
resik paceran - kotor banget

TEMBUNG SANALIKA (Kata tambahan untuk mempertegas kata aslinya)

amblas plas
anjlog jleg
bacok crok
bedhil dhor, dhér
cemplung plung
dhodhok prok
goréng sréng
gunting kres
guyu ger
idu cuh
iris kres
jiwit cekit
kaplok plok
mabur bur, bleber
mandheg greg
murub byar
ombé cleguk
peteng dhedhet
suwék brébét
tugel thel

TEMBUNG RURABASA (kata-kata yang salah tapi terlanjur biasa/lazim dipakai)

Tembung - tegesé
adang sega - adang beras supaya dadi sega
bakul jangan - wong sing dodol keperluané masak
mangan awan - mangan sega wayah awan
menek klapa - ménék wité klapa
mikul bakso - mikul kwali sing isiné bakso
ndhudhuk sumur - ndhudhuk lemah digawé sumur
njahit klambi - njahit kain supaya dadi klambi
negor klapa - negor wit klapa
nglinting rokok - nglinting klobot karo mbako supaya dadi rokok
tangi turu - melék bar turu

PURWAKANTHI (syair - pantun - kata bersajak)

GURU SWARA
Ana awan, ana pangan
Ngalah nanging oleh
Sing salah kudu seleh
Becik ketitik ala ketara
Sing weweh bakal pikoleh
Adigang adigung adiguna
Inggih-inggih ora kepanggih
Ciri wanci lelai ginawa mati
Desa mawa cara negara mawa tata
Witing tresna jalaran seka kulina
Giri lungsi, jalma tan kena ingina
Yen menang, aja njur sewenang wenang
Ana bungah, ana susah iku wis lumrah
Sing gelem ngalah, bakal luhur wekasane
Yen krasa enak, aja njur lali anak, lali bojo, lali kanca

GURU SASTRA
Tata titi titig tatag, tanggung tertib
Aja dhemen memada, dhateng saphadhaning dumadi
Taberi nastiti lan ngati-ati, mesthi bakal dadi
Wong jejodohan kudu ngelingi : babat,bibit,bobot,bebet
Ruruh,rereh,ririh ing wewarihipun, mrih reseping para muyarsi
Ing ngarsa sung tuladha, ing madya mangun karya, tut wuri handayani
Tarti tata-tata, ate metu turut ratan, diutus tuku tahu tempe dhuwite kertas telung atus
Tindak tanduk lan tutur kang kalantur, tamtu katula-tula katali, bakal kacatur,katutuh, kapatuh, pan dadi awon
Sluman slumun slamet, salamun nyemplung kali plung, slulup slelep-slelep oleh slepi isi klobot, Njumbul bul klambine teles bles
Kala kula kelas kalih, kula kilak kalo kalih kuli-kuli kula, kalo kula kéli, kali kilén kula, kalo kula kampul-kampul, kula kelap kelip kala-kala keling-keling

TEMBUNG PLUTAN (penyingkatan kata untuk mempercepat pengucapan)

tembung - dadiné
abot - bot
amrih - mrih
amung - mung
awit - wit
awor - wor
alon - lon
liyan - lyan
luwih - lwih
maring - mring
murih - mrih
para - pra
perang - prang
sarana - srana
sari - sri
serat - srat
seru - sru
suwara - swara
suwarga - swarga
suwawi - swawi
suwiwi - swiwi
weruh - wruh

PEPINDHAN

Pepindhan - (Pepatah/Perumpamaan)
Abangé - kaya godhong katirah
Ali-aliné - nggunung sapikul
Alusé - kaya sutra
Antengé - kaya temantén ditemokaké
Ayuné - kaya Déwi Ratih
Bagusé - kaya bathara Kamajaya
Banteré - kaya angin
Bédané - kaya bumi langit
Cahyané bingar - kaya rembulan karainan
Cep clakep - kaya orong-orong kepidak
Dalané - nggeger sapi
Galaké - kaya macan manak
Gelungané - minangkara
Gelisé - kaya banyu sinaring
Ijo kumpul padha ijo - kaya béthét sayuta
Jangguté - pindha tawon gumantung
Kuningé - kaya emas sinangling
Mlakuné mundur -kaya mungkur gangsir
Nangisé - ngorong-ngorong
Omahé - glathik mungup
Padhangé - kaya rina
Padha pleg - pindha jambé sinigar
Rukuné - kaya mini lan mintuna

PARIBASAN (PERIBAHASA)

Adigang, adigung, adiguna : Ngandelaké kakuwatané, kaluhurané, lan kapinterané.
Bathok bolu isi madu : Wong asor nanging sugih kapinteran.
Becik ketitik ala ketara : Becik lan ala bakalan ketara ing mburiné
Dhemit ora ndulit, setan ora doyan : Tansah diparingi slamet ora ana kang ngrusuhi
Emban cindhé emban siladan : Pilih kasih ora adil
Enggon welut didoli udhet : Panggoné wong pinter dipameri kapinteran sing ora sepirowa
Gupak puluté ora mangan nangkané : Mélu rekasa nanging ora mélu ngarakaké kepénaké
Jer Basuki mawa béa : Samubarang gegayuhan mbutuhaké wragat
Kacang ora ninggal lanjaran : Anak niru wong tuwané
Kaya banyu karo lenga : Wong kang ora bisa rukun
Kebo nusu gudél : Wong tuwa njaluk wuruk marang wong enom
Kegedhen empyak kurang cagak : Kegedhén kakarepan nanging kurang sembada
Kuthuk marani sunduk : Ula marani gepuk -- Marani bebaya
Maju tatu mundur ajur : Prakara kang sarwa pakéwuh
Nabok Nyilih tangan : Tumindak ala kanthi kongkonan wong liya
Pupur sakdurungé benjut : Ngati ati mumpung durung cilaka
Sapa Sing salah bakal séléh : Sapa sing salah bakal konangan
Tumbak cucukan : Wong kang seneng adu-adu
Tulung Menthung : Ditulungi malah ngrusuhi
Wiwit kuncung nganti gelung : Wiwit cilik nganti tuwa
Yuyu rumpung mbarong rongé : Omahé magrong2 nanging sejatiné mlarat

TEMBUNG MBANGETAKE (Kata ganti menyangatkan)

abang mbranang
gagah prakoso
ajur mumur
garing sring
anyar gres
grimis riwis-riwis
anyep njejet
guyup rukun
biru kecu
ijo royo-royo
babar blas
ireng thuntheng
banjir bandhang
jejel uyel-uyel
cedhak nyaklek
jembar gilar-gilar
cilik menthik
kapok kawus
cukat trengginas
lila legawa
dhewe emple
malang megung
dhuwur mencit
nangis ngguguk
endhek erek-erek
panas sumelet
esuk uthuk-uthuk
teles kebes

TEMBUNG NGOKO - KROMO - KROMO INGGIL

Ngoko - Kromo - Kromo Inggil
Abang - Abrit - Abrit
Anak - yoga - Putra
adus - adus - siram
aran - nama - asma
banyu - toya - toya
bojo - semah - garwa
buwang - bucal - kéndhang
buyar - rampung - rampung
carita - cariyos - cariyos
cukur - cukur - paras, pangkas
dadi - dados - dados
dalan - radinan - margi
dandan - dandos - busana
deleng - ningali - mriksani
dhewé - piyambak - piyambak
doyan - purun - kersa
duwé - gadhah - kagungan
embuh - kirangan - ngapunten
endi - pundi - pundi
epék - pendhet - pundhut
gawa - bekta - asta
gedhé - ageng - ageng
gelem - purun - kersa
gelis - énggal - énggal
iki - niki - punika
ilang - ical - ical
imbuh - imbet - tanduk
inep - nyipeng - nyaré
isin - isin - lingsem
iya - inggih - sendika
jaga - jagi - reksa
jaluk - nedi - suwun
jamu - jampi - loloh
jarit - sinjang - nyamping
jeruk - jeruk - jeruk
jungkat - serat - pethat
jupuk - pendhet - pundhut
kabéh - sedaya - sedanten
kacamata - kacamripat - kacatingal
kakang - kakang - raka
kanggo - kanggé - kagem
kandha - sanjang - ngendika
kklambi - rasukan - ageman
keris - dhuwung - wangkingan
kongkon - kéngkén - utus
kowé - sampéyan - panjenengan

TEMBUNG KOSOK BALEN (Lawan kata)

Andhap x Inggil
Banter x Alon
Cedhak x Adoh
Dursila x Susila
Edan x Waras
Gemi x Boros
Jujur x Culika
Kasar x Alus
Landhep x Kethul
Marem x Gela
Nistha x Utama

TEMBUNG KERATA BASA (makna kata dari penjabaran kata asalnya)

Tembung - tegesé
anak - karep apa-apa kudu ana lan énak
bapak - bap apa-apa pepak
batur - embat-embating tutur
bocah - yén mangan kaya kebo, penggawéyané ora kecacah
brekat - didéléh mak breg terus diangkat
cangkem - yén ora dicancang ora mingkem
cangkir - kanggo nyancang pikir
cengkir - kencengé pikir
désémber - gedhé-gedhéné sumber
dongeng - dipaido ora méngéng
garwa - sigarané nyawa
gedhang - digeget bar madhang
guru - digugu lan ditiru
gusti - bagusing ati
januari - udan saben ari
kaji - tekadé siji
kathok - diangkat sitok-sitok
kodhok - téka-téka ndhodhok
krikil - keri nang sikil
kuping - kaku njepiping
kupluk - kaku nyempluk
kursi- yén diungkuraké banjur isi
ludruk - guluné gélo-gélo, sikilé gedrug-gedrug
maling - njupuk amalé wong sing ora éling
mantu - diéman-éman meksa metu
maratuwa - mara-mara ketemu tuwa
prawan - yén pepara(lelungan) kudu wayah awan
saru - kasar lan keliru
sejarah - sejané ngarah
sekuter - sambi sendheku mlayu bantur
sepuh - sabdané ampuh
simah - isiné omah
sinom - isih enom
sirah - isiné rah
siti - isiné bulu bekti
sopir - yén ngaso mampir
sulap - yén kesusu bakal ketilap
tandur - nata karo mundur
tapa - tatané kaya wong papa
tarub - ditata supaya katon murub
tayub - ditata supaya katon guyub
tebu - antebé kalbu
tuwa - untuné wis rowa, ngenténi metuné nyawa
wanita - wani ditata
wédang - dianggo gawé kadhang
wedhus - suwé ora tau adus
weteng - ruwet tur peteng

TEMBUNG ENTAR (kata ganti menyangatkan)

abang kupinge = nesu banget
abang-abang lambe = ora tenanan, mung lelamisan
adus kringet = nyambut gawe abot banget
adus luh = nemen anggoné nangis
bening atiné = sumeh
bukak wadi = ngandhakaké wewadiné
cagak elék = camilan supaya betah melékan
cilik atiné = gampang nesu
cepak rejekiné = gampang olih rejeki
cepak jodhoné = gelis oleh jodho
dadi gawé = ngrepotaké
dawa-dawa ula = perkara sing ora uwis-uwis
dhuwur atine = gumedhé
empuk rembugé = gunemé énak dirungokaké
entek atiné = kuwatir banget / kewedén
entheng tangané = seneng tandang gawé
gedhe endasé = sombong
gedhe omongé = omonge ora ana nyatané
gilig rembugé = rembuge pasti
idu geni = omongane tansah kelakon
ilang klilipé = ilang musuhé
jembar dhadhane = sugih pangapura
jembar kawruhé = akeh ngilmuné
jero kawruhé = akeh ngilmuné, pinter
kadalu warsa = wis kliwat, kasép
kandel kupingé = ora nggugu pitutur
lambé tipis = ceriwis / akeh omongé
landhep pikirané = pinter banget
larang pangan = paceklik
luhur budiné = kelakuané becik
manis ésemé = esemé nyenegaké ati
mateni pangané = gawe ilang panguripané
ngangsu kawruh = golek ngilmu, meguru

CANGKRIMAN (TEBAK-TEBAKAN)

Pitik Walik Saba Kebon (Nanas)
Sega Sakepel dirubung tinggi (Salak)
Ngarep ireng, mburi ireng sing tengah methénthéng (wong mikul areng)
Dikethok Malah Tambah Dhuwur (Celana)

ARANE KEMBANG

Kembang - Arané
Arén - dangu
blimbing - maya
durén - dlongop
gedhang - ontong
jambé - mayang
jambu - karuk
jagung - sinuwun
jati - janggleng
jéngkol - kecuwis
kacang - besengut
kapas - kadi
kélor - limaran
kopi - blanggréng
kluwih - onthél
krambil - manggar
lombok - menik
mlinjo - uceng
nangka - angkup
peté - pendul
pring - krosak
randhu - karuk
salak - ketheker
suruh - dréngés
tebu - glagah / gleges

ARANE WOH-WOHAN

Woh (buah) - Jenengé
arén - kolang kaling
bengkowang - besusu
cengkéh - polong
gebang - krandhing
gembili - katak
jati - janggleng
kanthil - gandhek
kélor - klénthang
kesambi - kecacil
kluwek - pocung
pandhan eri - pandhaga
so - mlinjo
tal - siwalan
turi - klénthang
uwi - katak
widara putih - anyang

ARANE WIT-WITAN

Wit (pohon - Jenengé
arén - ruyung
gedhang - debog
jagung - tebon
jambé - pucang
kacang - réndéng
kapuk - randhu
krambil - glugu
mlinjo so - bégo
pari - damén
pohong - bonggol
pring enom - bung
pring tuwa - bungkilan
siwalan tal - bogor
téla - lung

ARANE PENTIL

pentil - arané
asem - cempaluk
jagung - jantén
jambé - bleber
jambu - karuk
kacang - besengut
krambil - bluluk, cengkir, degan
manggis - blibar
nangka - babal
pelem - pencit
randhu - plencing
semangka - plonco
so/mlinjo - kroto
timun - serit

ARANE WIJI

Wiji - Arané
asem - klungsu
cipir - botor
durén - ponggé
jambé - jebug
kapas - wuku
katés - trémpos
kluwek - pocung
kluwih - bethem
kesambi - kecacil
mlinjo - klathak
nangka - beton
pelem - pelok
randhu - klentheng
salak - kenthos
sawo - kecik
semangka - kwaci

ARANE GODHONG

Godhong - Arané
arén - dliring
asem - sinom
cocor bébék - tiba urip
dhadhap - tawa
gedhang - enom pupus
gedhang - garing klaras
jambé - pracat, dedel
jarak - bledhég
jati - jompong
kacang lanjaran - lembayung
katés - gampléng
kecipir - cethéthét
jati - jompong
kelor - limaran
kluwih - kléyang
klapa enom - janur
klapa tuwa - blarak
lempuyang - lirih
lombok - sabrang
mlinjo - eso
pari - damen
randhu - baladéwa
siwalan - lontar
tales - lumbu
tebu - rapak
turi - pethuk
wuni - mojar

ARANE ANAK KEWAN

Kewan - Arané Anak
Ayam (pitik) - Kuthuk
Bandeng - Nénér
Banthéng - waréng
Banyak - blengur
Baya - rété
Bébék - meri
bulus - ketul
cacing - lur
cecak - sawiyah
coro - méndhét
dara - piyik
dhorang - tampér
emprit - indhil
gagak - engkak
gajah - bleduk
gangsir - clondho
garangan - rasé
glathik - cécrékan
jangkrik - gendholo
jaran - belo
kadhal - tobil
kalajengking - ketupa
kancil - kenthi
kebo - gudél
kecapung - jenthit
kidang - kompréng
kinjeng - senggrutu
kinjeng dom - undur-undur
kethek - munyuk
kodhok - precil
kombang - engkuk
kremi - racek
kucing - cemeng
keyong - krikik
kupu - uler
kura - laos
laler - kotesan
lawa - kamprét
lemut - uget-uget
lélé - jabrisan
macan - gogor
menjangan - kompréng
sapi - pedhét
singa - dibal
tawon - gana
tekék - celolo
tikus - cindhil
tuma - kor
ula - kisi/ucet
urang - grago/nener
warak - plencing
wedhus - cempé
welut - udhet
yuyu - béyés