Rabu, 23 November 2011

PARIBASAN (PERIBAHASA)

Adigang, adigung, adiguna : Ngandelaké kakuwatané, kaluhurané, lan kapinterané.
Bathok bolu isi madu : Wong asor nanging sugih kapinteran.
Becik ketitik ala ketara : Becik lan ala bakalan ketara ing mburiné
Dhemit ora ndulit, setan ora doyan : Tansah diparingi slamet ora ana kang ngrusuhi
Emban cindhé emban siladan : Pilih kasih ora adil
Enggon welut didoli udhet : Panggoné wong pinter dipameri kapinteran sing ora sepirowa
Gupak puluté ora mangan nangkané : Mélu rekasa nanging ora mélu ngarakaké kepénaké
Jer Basuki mawa béa : Samubarang gegayuhan mbutuhaké wragat
Kacang ora ninggal lanjaran : Anak niru wong tuwané
Kaya banyu karo lenga : Wong kang ora bisa rukun
Kebo nusu gudél : Wong tuwa njaluk wuruk marang wong enom
Kegedhen empyak kurang cagak : Kegedhén kakarepan nanging kurang sembada
Kuthuk marani sunduk : Ula marani gepuk -- Marani bebaya
Maju tatu mundur ajur : Prakara kang sarwa pakéwuh
Nabok Nyilih tangan : Tumindak ala kanthi kongkonan wong liya
Pupur sakdurungé benjut : Ngati ati mumpung durung cilaka
Sapa Sing salah bakal séléh : Sapa sing salah bakal konangan
Tumbak cucukan : Wong kang seneng adu-adu
Tulung Menthung : Ditulungi malah ngrusuhi
Wiwit kuncung nganti gelung : Wiwit cilik nganti tuwa
Yuyu rumpung mbarong rongé : Omahé magrong2 nanging sejatiné mlarat

1 komentar:

  1. YouTube - YouTube Channel for Live Casino Gambling - Videoodl.cc
    youtube 유튜브 음원 추출 channel youtube channel youtube channel youtube channel youtube channel youtube channel youtube channel youtube channel youtube channel youtube channel youtube channel youtube channel youtube channel youtube channel youtube channel youtube channel

    BalasHapus