Rabu, 23 November 2011

TEMBUNG KERATA BASA (makna kata dari penjabaran kata asalnya)

Tembung - tegesé
anak - karep apa-apa kudu ana lan énak
bapak - bap apa-apa pepak
batur - embat-embating tutur
bocah - yén mangan kaya kebo, penggawéyané ora kecacah
brekat - didéléh mak breg terus diangkat
cangkem - yén ora dicancang ora mingkem
cangkir - kanggo nyancang pikir
cengkir - kencengé pikir
désémber - gedhé-gedhéné sumber
dongeng - dipaido ora méngéng
garwa - sigarané nyawa
gedhang - digeget bar madhang
guru - digugu lan ditiru
gusti - bagusing ati
januari - udan saben ari
kaji - tekadé siji
kathok - diangkat sitok-sitok
kodhok - téka-téka ndhodhok
krikil - keri nang sikil
kuping - kaku njepiping
kupluk - kaku nyempluk
kursi- yén diungkuraké banjur isi
ludruk - guluné gélo-gélo, sikilé gedrug-gedrug
maling - njupuk amalé wong sing ora éling
mantu - diéman-éman meksa metu
maratuwa - mara-mara ketemu tuwa
prawan - yén pepara(lelungan) kudu wayah awan
saru - kasar lan keliru
sejarah - sejané ngarah
sekuter - sambi sendheku mlayu bantur
sepuh - sabdané ampuh
simah - isiné omah
sinom - isih enom
sirah - isiné rah
siti - isiné bulu bekti
sopir - yén ngaso mampir
sulap - yén kesusu bakal ketilap
tandur - nata karo mundur
tapa - tatané kaya wong papa
tarub - ditata supaya katon murub
tayub - ditata supaya katon guyub
tebu - antebé kalbu
tuwa - untuné wis rowa, ngenténi metuné nyawa
wanita - wani ditata
wédang - dianggo gawé kadhang
wedhus - suwé ora tau adus
weteng - ruwet tur peteng

Tidak ada komentar:

Posting Komentar