Rabu, 23 November 2011

PURWAKANTHI (syair - pantun - kata bersajak)

GURU SWARA
Ana awan, ana pangan
Ngalah nanging oleh
Sing salah kudu seleh
Becik ketitik ala ketara
Sing weweh bakal pikoleh
Adigang adigung adiguna
Inggih-inggih ora kepanggih
Ciri wanci lelai ginawa mati
Desa mawa cara negara mawa tata
Witing tresna jalaran seka kulina
Giri lungsi, jalma tan kena ingina
Yen menang, aja njur sewenang wenang
Ana bungah, ana susah iku wis lumrah
Sing gelem ngalah, bakal luhur wekasane
Yen krasa enak, aja njur lali anak, lali bojo, lali kanca

GURU SASTRA
Tata titi titig tatag, tanggung tertib
Aja dhemen memada, dhateng saphadhaning dumadi
Taberi nastiti lan ngati-ati, mesthi bakal dadi
Wong jejodohan kudu ngelingi : babat,bibit,bobot,bebet
Ruruh,rereh,ririh ing wewarihipun, mrih reseping para muyarsi
Ing ngarsa sung tuladha, ing madya mangun karya, tut wuri handayani
Tarti tata-tata, ate metu turut ratan, diutus tuku tahu tempe dhuwite kertas telung atus
Tindak tanduk lan tutur kang kalantur, tamtu katula-tula katali, bakal kacatur,katutuh, kapatuh, pan dadi awon
Sluman slumun slamet, salamun nyemplung kali plung, slulup slelep-slelep oleh slepi isi klobot, Njumbul bul klambine teles bles
Kala kula kelas kalih, kula kilak kalo kalih kuli-kuli kula, kalo kula kéli, kali kilén kula, kalo kula kampul-kampul, kula kelap kelip kala-kala keling-keling

Tidak ada komentar:

Posting Komentar