Rabu, 23 November 2011

PEPINDHAN

Pepindhan - (Pepatah/Perumpamaan)
Abangé - kaya godhong katirah
Ali-aliné - nggunung sapikul
Alusé - kaya sutra
Antengé - kaya temantén ditemokaké
Ayuné - kaya Déwi Ratih
Bagusé - kaya bathara Kamajaya
Banteré - kaya angin
Bédané - kaya bumi langit
Cahyané bingar - kaya rembulan karainan
Cep clakep - kaya orong-orong kepidak
Dalané - nggeger sapi
Galaké - kaya macan manak
Gelungané - minangkara
Gelisé - kaya banyu sinaring
Ijo kumpul padha ijo - kaya béthét sayuta
Jangguté - pindha tawon gumantung
Kuningé - kaya emas sinangling
Mlakuné mundur -kaya mungkur gangsir
Nangisé - ngorong-ngorong
Omahé - glathik mungup
Padhangé - kaya rina
Padha pleg - pindha jambé sinigar
Rukuné - kaya mini lan mintuna

2 komentar: