Rabu, 23 November 2011

TEMBUNG ENTAR (kata ganti menyangatkan)

abang kupinge = nesu banget
abang-abang lambe = ora tenanan, mung lelamisan
adus kringet = nyambut gawe abot banget
adus luh = nemen anggoné nangis
bening atiné = sumeh
bukak wadi = ngandhakaké wewadiné
cagak elék = camilan supaya betah melékan
cilik atiné = gampang nesu
cepak rejekiné = gampang olih rejeki
cepak jodhoné = gelis oleh jodho
dadi gawé = ngrepotaké
dawa-dawa ula = perkara sing ora uwis-uwis
dhuwur atine = gumedhé
empuk rembugé = gunemé énak dirungokaké
entek atiné = kuwatir banget / kewedén
entheng tangané = seneng tandang gawé
gedhe endasé = sombong
gedhe omongé = omonge ora ana nyatané
gilig rembugé = rembuge pasti
idu geni = omongane tansah kelakon
ilang klilipé = ilang musuhé
jembar dhadhane = sugih pangapura
jembar kawruhé = akeh ngilmuné
jero kawruhé = akeh ngilmuné, pinter
kadalu warsa = wis kliwat, kasép
kandel kupingé = ora nggugu pitutur
lambé tipis = ceriwis / akeh omongé
landhep pikirané = pinter banget
larang pangan = paceklik
luhur budiné = kelakuané becik
manis ésemé = esemé nyenegaké ati
mateni pangané = gawe ilang panguripané
ngangsu kawruh = golek ngilmu, meguru

Tidak ada komentar:

Posting Komentar